Kamis, 12 Desember 2013

NASKAH PENTAS PERDANA

Saat aku menginjak bangku sekolah aku memang aktif di berbagai kegiatan dan organisasi. Mulai dari MIN (setingkat SD), MTs (setingkat SMP), SMK (setingkat SMA) sampai kuliah pun aku aktip diberbagai organisasi, mulai dari komunitas sampai organisasi resmi dibawah sekolah atau kampus.
Saat aku kuliah di UNNES, aku aktif di salah satu organisasi, kalau di lingkungan kampus biasa di kenal dengan sebutan UKM (Unit kegiatan Mahasiswa). Teater "SS" lah organisasi pertama di kampus yang aku ikutin, entah mengapa dulu aku tertarik oleh organisasi ini. padahal dalam sejarahnya aku tidak pernah aktif dalam organisasi bidang seni. Mungkin karena aku terlalu nyaman hidup dan tinggal bersama dengan sahabat sahabatku di teater. Sebenarnya aku tidak pernah menjadi seorang aktor, biasanya aku menjadi crew panggung yang takpernah terlihat di panggung. Tapi karena loyalitasku yang teramat tinggi, aku dipercaya sebagai seorang aktor. Sebenarnya karena pada saat itu memang hanya beberapa orang yang masih aktif di teater.
Tak jauh berbeda dengan teater yang lain, sebelum pentas pasti ada latihan. latiha sebelum pentas itulah yang dinamakan proses. Banyak sekali hikmah yang dapat di ambil dari proses. Karena ber-teater itu adalah belajar tentang kehidupan. jadi apapun yang ada di teater dapat di praktekkan di dunia nyata.
Inilah naskah pentas perdanaku:


R U N G KA T
dening: aslam kussatyo

                                                                                                     

1.   Dirun


:

Jaka tuwa, udakara 35-nan taun umure. Menengan lan nyalawadi. Petani, bandhane cupet lan seneng nyepi.
2.   Wardi
:
Bojone Surti, umur 35-nan taun. Rada sombong, kurang tanggung jawab lan kasar.
3.   Surti
:
Bojone Wardi, umur 30-an taun. Manis, nrima, gemati.
4.   Ganyong
:
Bocah lanang udakara 17-an taun umure. Bocahe rada ora ganep. Urip ning lingkungan omahe Surti lan Dirun. 
5.   Tum
:
Uwong ndesa, umur 30-an.
6.   Kom
:
Uwong ndesa, umur 30-an.
7.   Sar
:
Bocah lanang udakara umur 20-an taun. Nduwe wawasan, seneng bergaul.
Ana figuran-figuran kang bisa dilebokke ning sandiwara iki, yaiku wong-uwong ndesa kang nembe ngayahi pakaryane dhewe-dhewe.



Urip iku pilihan. Nasib kang dialami, ora ana liya krana pilihane dhewe. Ya, nasib manungsa merga dalan kang dipilih. Nanging, takdiring manungsa uwis kagaris mring Gusti kang maha wikan.

ADEGAN  1

001.
Dirun
:
(URO-URO) Aja sok gampang janji wong manis / yen to among lamis / becik aluwung prasaja nimas / timbang gawe gela / aku iki prasasat / lara tan antuk jampi / mbok aja mung lamis / kang uwis / dadine / banjur gela // (METU SAKA GUBUG TERUS UDUD KARO LUNGGUH NENG LINCAK) Sumuk temen to ya! (MBACUTAKE URO-URO) Akeh tuladha / kang dhemen cidra / uripe nelangsa  ….

KEPRUNGU SWARA TANGIS BOCAH NGRENGIK SAKA ARAH OMAHE WARDI/SURTI. SWARA KUWI NGENDHEGKE URO-URANE DIRUN. LET SEDHELOK  DUMADAKAN GANYONG LIWAT. BOCAH RADA KURANG GANEP IKU TEKA KARO NGGUYA-NGGUYU KANTHI RADA KEWEDEN, NYEDHAKI DIRUN TERUS NDHEPROK NING JEJER LINCAK. PRINGAS-PRINGIS, NGEKEKKI TENGARA NGANGGO TANGAN, MAKSUDE NJALUK ROKOK.

002.
Dirun
:
(SENGOL) Kowe ki ngapa?! Ngguya-ngguyu! Rumangsamu guyumu penak ngono pa?!
GANYONG TETEP CENGAR-CENGIR KARO NGEKKI TANDHA NJALUK ROKOK.

003.
Dirun
:
Dhapurmu ki anane mung njaluk thok! (SENGOL SINAMBI NGUNCALAKE ROKOK) Enyoh! Wis, minggat kana! Nyepet-nyepeti mata thok!

SAKWISE NYUMET ROKOK, GANYONG CENGKELAK MLAYU. GUYUNE NGISI WENGI. DIRUN RENGENG-RENGENG MANEH KARO NGLEPUS NGISEP ROKOKE.

004.
Dirun
:
Aja turu sore kaki / Ana dewa nganglang jagad / Nyangking bokor kencanane

DUMADAKAN SURTI TEKA NYANGKING EMBER. KARO RADA KESUSU DHEWEKKE AREP  NJUPUK BANYU SAKA SUMUR. SAK NALIKA DIRUN NGENDHEKKE SWARANE. SAK NALIKA UGA SURTI NGENDHEKKE JANGKAHE. SARWA KIKUK SURTI NGARUH-NGARUHI DIRUN.

005.
Surti
:
(KECIPUHAN) Durung ngaso, Kang?
006.
Dirun
:
(SARWA BINGUNG) Durung. Anakmu isih mriyang to, Sur?
007.
Surti
:
Iya, Kang. Iki malah nembe wae mutah-mutah.
008.
Dirun
:
(SAJAK PRIHATIN) Lha Wardi durung bali pa?
009.
Surti
:
Embuh, durung kok, Kang. Jare mau arep nIng Gemuh, njipok tipi.

DIRUN MENENG KARO THENGER-THENGER. SURTI AREP NERUSAKE OMONGANE, NANGING MERGA DIRUN SAJAK ORA SENENG DIGANGGU, MULA DHEWEKKE NERUSAKE OLEHE NGANGSU LAN TERUS BALI.

010.
Surti
:
Ayo, Kang! (DIRUN MUNG MANTHUK)

NEMBE WAE SURTI AREP LUNGA, DUMADAKAN GANYONG TEKA KANTHI SESIDHEMAN TERUS NGAGETI SURTI. SURTI NJOMBLAK MERGA KAGET. GANYONG MUNG NGGUYU KARO CENGENGESAN, MALAH SEMU NGECE.

011.
Surti
:
O, dhasar bocah gendheng! Kowe ki ngapa cengengesan?! Bengi-bengi kok nggolek perkara. Nggilani! Kowe wis mangan durung? Kae aku isih nduwe sega nek arep mangan!
012.
Ganyong
:
Emoh!
013.
Surti
:
Gayamu, emoh! Wis mangan neng endi kowe? Aja nyolong lho, kowe! Digebugi uwong maneh mengko. Ya, wis, kana turu wae, wis bengi!
014.
Ganyong
:
(NGGLENYENG SAKEPENAKE) Nuroni kowe pa?!
015.
Surti
:
(NESU-NESU) Apa?! Cangkemmu nek mangap kok sembarangan to, Nyong! Ngomong kok asal njeplak! Sapa sing ngajari, heh?! Dhasar cah gendheng! Tak kandhakke Kang Dirun lho!
016.
Ganyong
:
(CENGENGESAN KARO NGECE) Ora wedi! (MLAYU LUNGA KARO NYEKAKAK. SAKDURUNGE NGILANG, MALAH NJAWIL BOKONGE SURTI) 
017.
Surti
:
(KAGET) Heh! (KARO JENGKEL, AREP NGOYAK NANGING ORA SIDA, MALAH NGROMET DHEWE) O, Ganyong edan, gendheng! Diopeni temenan kok malah kurang ajar! (GETEM) Dhasar cah ora nggenah! Tak githes kowe mengko. Awas kowe nek mbalik mrene! Sida ora tak pakani tenan dhapurmu, ben modar sisan!  
018.
Dirun
:
Kowe ki ngapa toh, Sur? Bocah ora ganep kok mbok tanggepi. Lha mbok uwis, ora sah ditanggepi, bathi lara ati.
019.
Surti
:
Getem banget aku, Kang. Apa Sampeyan ora weruh, tanganne mentas jowal-jawil? Apa maneh cangkeme, kok dadi lanyap temen. Ya kuwi nek kakehan saba neng terminal, kumpulane wong ora karuwan.
020.
Dirun
:
Halah, lha apa kowe dhewe ki luwih apek tinimbang wong-wong kae?
Mbok wis meneng, mengko nek ana wong sing ora seneng krungu, dadi jalaran padu!
021.
Surti
:
Sampeyan barang ki ya ngono. Ora tau ngandhani, ora tau ngelik-elik! Mbok ya dimesakke. Bocah ora ganep kok malah dirusak.
022.
Dirun
:
Lho, lho, kok malah dadi nyeneni aku ki piye toh?! Sing ora tau ngelikke lan ora tau ngandhani ki ya sapa? Sing arep ngrusak ki ya sapa? Aja ngambra-ambra lho kowe! 
023.
Surti
:
Nyatane Sampeyan pancen ora tau ngelikke, apa maneh ngandhani kok! Coba, apa ora jeneng ngrusak yen Sampeyan ngajari ngrokok barang? Bola-bali angger dhewekke njaluk rokok, Sampeyan mesthi ngekki. Apa ora jeneng ngrusak, kuwi?
024.
Dirun
:
(MENYAT SAKA LINCAK KARO NGOMONG RADA SENGOL) Sur, lha Ganyong kuwi apaku? Sanak dudu, kadang dudu, kok aku mbok kon ngrewes dhewekke, ketemu pirang perkara? Lha wong aku mikir awakku dhewe wae ora kober kok! Wis, ora susah diteruske mundhak marakke padudon! (MLEBU GUBUKE)
025.
Surti
:
Oooo, dhasar wong lanang, senenge mikir awake dhewe. Egois Sampeyan, Kang!
026.
Dirun
:
(MBENGOK SAKA NJERO GUBUKE) Wis, kuwi mau njupuk banyu arep nggo ngapa? Cepet bali rasah ngromet, mesakke anakmu!
027.
Surti
:
(JENGKEL. KARO NGEDUMEL) Kawit mbiyen mula Sampeyan pancen ora nduwe perasaan kok, Kang. Huh! Kebangeten, kebangeten tenan! Dhasar wong lanang, senenge ngurusi awake dhewe, ora ngerti perasaane liyan! (MENENG NGUWASI DIRUN SING WIS MLEBU OMAH) Maneh-maneh mung perkara Ganyong gendheng! Dhasar bocah ora nduwe utek!  

SURTI MBESENGUT SAK WETARA, NGANGKAT EMBER ISI BANYU TERUS LUNGA KARO NGEDUMEL, MLEBU OMAHE.
LAMPU PANGGUNG PETENG.

ADEGAN  2

ESUK-ESUK. SURTI LAGI MEPE KUMBAHANE. KANTHI ULAT PETENG SAKWISE MEPE KUMBAHANE, SURTI BANJUR DHELAG-DHELEG ING LINCAK NGIRINGAN OMAHE. ORA WETARA SUWE, WARDI METU. NYAWANG BOJONE SING KAYA UWONG BINGUNG SAJAK ORA SENENG.

028.
Wardi
:
Kowe kuwi ana apa toh, Sur?
029.
Surti
:
(JENGKEL) Ora ana apa-apa. Lha kenapa, toh?
030.
Wardi
:
Esok-esok kok dhelag-dheleg kaya wong bingung. Wis ora nduwe gaweyan pa?
031.
Surti
:
Nek dituruti, gaweyan kuwi ya ora tau ana enteke. Nanging kabeh kuwi  kanggone Sampeyan rak ora ana bedane, toh?! Aku ora nduwe gaweyan apa kakehan gaweyan paling-paling Sampeyan ya ora ning omah!
032.
Wardi
:
(RADA SENGOL) Wong wedok saben ketemu kok malah anane mung ngajak padu. Aku lunga kuwi rak ya nggolekke empan kowe lan anakmu toh?! Nyatane kabeh kabutuhanmu ya ndak cukupi ngono kok! Mbok ya ora susah kakehan cangkem!
033.
Surti
:
Halah, Sampeyan kuwi nek ngomong sajak empuk temen. Ya, pantes nek Sampeyan kuwi dadi makelar.
034.
Wardi
:
Sing penting aku nggota kanthi halal lan bisa nyukupi kabutuhanmu!
035.
Surti
:
Aja munapik, Kang! Halal kuwi rak jaremu, rumangsamu?! Kabeh kuwi aja mung diukur saka pikiranmu dhewe! Gusti Allah kuwi ora sare, Kang!
036.
Wardi
:
Lha mungguhmu gaweyan makelar kuwi apa haram? Kabeh kuwi rak merga saka niyate. Nyatane aku bisa nyukupi kebutuhan kulawarga kok. Coba, kalung, gelang, sandhangan apik, susune anakmu, dolanane anakmu, apa maneh sing durung ana? Sapa wong desa kene sing bisa nyaingi bandhamu, sapa?!
037.
Surti
:
Kang, wong jejodhowan kuwi ora mung butuh bandha. Aku lan anakmu kuwi butuh iguh pretikel, perhatian, lan kasih sayangmu. Apa ya Sampeyan nggaleba nek rongwulan kepungkur Bowo anakke Sampeyan wis bisa lungguh, malah sakiki uwis mulai brangkangan? Apa ya Sampeyan ngerti nek telung minggu kepungkur Bowo mencret, terus saiki mriyang? Coba, apa Sampeyan ngerti?
038.
Wardi
:
Omonganmu kok saya lanyap! Rumangsamu aku iki sapa, heh? Rungakna, bukaken  kupingmu! Aku iki bojomu, wong lanang! Ngerti?! Wong lanang kuwi kewajibane nggolek empan kanggo anak-bojone. Dadi nek ngono urusan anak kuwi ya wis sakmesthine dadi tanggung jawab ibune, ya kowe kuwi! Nek anak lara ya ditambakke. Lha wong dhuwit ya nduwe kok!
039.
Surti
:
Oalah, Kang, ora ana gunane ngomong karo uwong kaya Sampeyan! Wis, emboh, sakkarepmu! Huh! (KANTHI KASAR MLAYU MLEBU OMAH)
040.
Wardi
:
(NESU) Surti!!! (NGOYAK SURTI MLAYU MLEBU OMAH)
041.
Surti
:
(SAKA NJERO NGOMAH) Wis, emboh, emboh! Aku wis wegah ngomong karo Sampeyan!
042.
Wardi
:
(SAKA NJERO NGOMAH. UGA KEPRUNGU SWARA BALA PECAH DIBANTING)) Kowe aja angger mangap! Kowe kuwi bojoku, aku sing nentokke!
043.
Surti
:
(SAKA NJERO NGOMAH) Sampeyan pancen pinter ngomong! Wis, emboh, sakkarepmu, Kang! (KARO SEMU NANGIS) Aku wis bosen karo kahanan iki, Kang! Aku bosen! 
044.
Wardi
:
(SAKA NJERO NGOMAH. KEPRUNGU BOWO NANGIS) Ah, kakehan ngomong kowe! (SWARA WARDI NGAMPLENG SURTI)
045.
Surti
:
(MBENGOK-MBENGOK KARO NANGIS) Aja, Kang! Ampun! 

DIRUN MBUKAK LAWANG GUBUGE KANTHI KASAR. TANGANE NGUNUS GAMAN. RAINE MANGAR-MANGAR NGAMPET NESU. RIKAT DIRUN NJANGKAH NUJU OMAHE WARDI. NANGING TEKAN SUMUR DHEWEKE NGENDHEGKE LAKUNE, KAGUBEL PIKIRANNE DHEWE. SEDHELA DHEWEKKE KATON MIKIR. KANTHI ATI PANAS, PUNGKASANNE DHEWEKKE MBALIK MLEBU GUBUGE MANEH KARO MBANTING LAWANG. TANGISE SURTI LAN ANAKKE ISIH KEPRUNGU LAMAT-LAMAT.
PANGGUNG NDHEDHET!
ADEGAN  3

SWASANA KEKES, NGUNGUN. WENGI KANG NGLANGUT. SURTI LAGI NGLELA-LELA ANAKKE NING MBURI OMAH, CEDHAK SUMUR. DIRUN LUNGGUH ING LINCAK, NGALAMUN. SAKLORON SIBUK KARO PIKIRANE DHEWE-DHEWE. GANYONG TURU ING NGISOR LINCAK CEDHAK NGGONE SURTI LAN ANAKKE.

046.
Dirun
:
(KARO UDUT KEBAL-KEBUL) Bowo isih mriyang, Sur?
047.
Surti
:
Wis mari, Kang.          
048.
Dirun
:
Mari tenan apa mbok anggep mari?

SURTI MUNG MENENG. DIRUN MARA, NYEDHAKI SURTI.

049.
Dirun
:
(SERIUS) Sur, anakmu kuwi isih cilik, durung bisa ngarani apa sing dirasakke. Mula kowe sing kudu luwih niteni lagehane. Nek pancen isih durung mari tenan, ya aja dipaksakke mari. Mengko yen penyakite selot parah, malah kowe dhewe sing repot. Karo dene, anakmu sing mesakke lho, Sur!
050.
Surti
:
Aku ngerti, Kang. Nanging aku dhewe bingung kudu piye?! Arep ngobatke anak wae ora kelakon merga nyatane pancen ora nduwe dhuwit kanggo ragat. Uwis ngono, Kang Wardi lunga terus, ora gelem ngerteni kahanan kluawarga. Seprana-seprene aku wis ikhtiar. Aku wis nyoba ngomong karo Kang Wardi, nanging nyatane kabeh isih pancet kaya ngene. Aku kudu piye, Kang?
051.
Dirun
:
Aja ngono, Sur. Nek bojomu krungu dikira kowe ora nguwongke. Nyatane dhewekke niba tangi nggota kuwi rak ya kanggo kowe lan Bowo, toh?!
052.
Surti
:
Halah, jare sapa! Gaweyanne apa wae ora cetha, kok! Nek pancen dhewekke nggota kanggo kluawarga, aku ora bakal muni kaya ngene, Kang. Nyatane dhuwit aku ya ora tau nyekel. Wong kanggo mangan sakbendina wae aku dicatu ben esuk. Omongane wae kaya yoh-yoha, sundhul langit!

DIRUN LUNGGUH NING CEDHAKKE SURTI

053.
Dirun
:
Uwis, uwis. Sabar, Sur. Kabeh kudu dilakoni kanthi sabar. Sak ora-orane, isih ana aku ning ndonya iki. (NYEKEL PUNDHAKKE SURTI)
054.
Surti
:
Matur nuwun ya, Kang! (MEMBIK-MEMBIK) Pancen sak plokke iki, ya mung Sampeyan sing kerep banget mbantu lan njaga aku. Aku ora ngerti, piye dadine nek ora ana Sampeyan.
055.
Dirun
:
Uwis ora susah mbok pikir. Sing penting isih ana uwong sing nggatekke kowe lan anakmu.
056.
Surti
:
Aku isin banget karo Sampeyan, Kang! Sak umpama mbiyen uwong tuwaku ora kepilut karo omonganne Kang Wardi, mesthi aku lan Sampeyan uwis ….  
057.
Dirun
:
(NIMPALI) Kuwi lelakon mataun-taun kepungkur, ora susah digetuni. Ora ana paedahe, Sur! Uwis, toh!
058.
Surti
:
(KEKARONE MENENG. TANGISE SURTI SAYA NRENYUHAKE) Sakiki aku dadi akeh kepotangan budi karo Sampeyan, Kang.
059.
Dirun
:
(MESEM KECUT) Aku ora ngutang-ngutangke budi kok. (MENENG MANEH) Uwis, aja mbok terusake tangismu. Ora apik.    

TANPA ANA SING NGAKON, KEKARONE PADHA CEKEL-CEKELAN TANGAN. ORA LET SUWI, NALIKA KEKARONE ISIH CEKEL-CEKELAN TANGAN, NDILALAH GANYONG NGLILIR. MERUHI KEDADEYAN KANG ORA SAK BAENE, SAKNALIKA GANYONG NJENGGIRAT TANGI. DHEWEKKE CENGAR-CENGIR BINGUNG, NANGING BANJUR NGGUYA-NGGUYU. GUYUNE SELOT SUWE SELOT BANTER. SAKAL DIRUN LAN SURTI PADHA NGECULKE CEKELAN TANGANNE KARO SEMU KECIPUHAN.

060.
Ganyong
:
Wah, ternyata ada kejadian! (KARO CENGENGESAN NGENYEK)

SURTI TERUS ENGGAL-ENGGAL MLEBU OMAHE ISIH KARO SESENGGRUKKAN. WERUH KAHANAN SING KANGGONE DHEWEKKE ‘ANEH’ KUWI, GANYONG MALAH TAMBAH MBANTERKE GUYUNE SINAMBI NYANYI LAGU NDHANG NDHUT TERUS NGIWI-IWI. DADAKAN DIRUN MBENTAK GANYONG.

061.
Dirun
:
Cangkemmu bisa meneng ora?! Utekmu aja ngawur!

SAK NALIKA GANYONG NGADEG. KARO KEWEDEN DHEWEKKE MLAYU NJRANTHAL. NANGING DURUNG NGASI ADOH PLAYUNE, GANYONG NGENDHEGKE PLAYUNE, BANJUR NGIWI-IWI MANEH.

062.
Ganyong
:
Mengko ndak kandhakke Kang Wardi!

BOLA-BALI GANYONG NGOMONG KAYA NGONO. DIRUN MBALANG GANYONG NGANGGO APA WAE SING ANA ING CEDHAKE.  GANYONG TERUS MLAYU SIPAT KUPING.  SAKA KADOHAN KEPRUNGU GUYU LAN NYANYIANNE SING MAU.

SAKWETARA WEKTU DIRUN KATON BINGUNG. LINGAK-LINGUK KAYA WONG KUWATIR. ORA LET SUWE, KEPRUNGU SWARANE BOWO WATUK-WATUK SEDHELA, KASUSUL SWARANE SURTI NGUNDANG: “Kang!!!” MULA DIRUN BANJUR MLEBU ING OMAHE WARDI. LET SEDHELA, TEPLOK NJERON OMAH KATON DIPATENI.
WENGI KEKES. ORA ANA UWONG LIWAT, SATO KEWAN SESIDHEMAN. SWASANA SEPI MAMRING. JIM PERI PRAYANGAN NGUNDAMANA ING ANGGANE SABEN TITAHING GUSTI. DONYA SAK ISINE, KAGUBEL GANDA CULIKA. 
LAMPU PANGGUNG PETENG.

ADEGAN  4

SURUP-SURUP. DIRUN LUNGGUH ANA LINCAK NGAREP OMAHE SINAMBI KEBAL-KEBUL UDUT. ORA SAKWETARA SUWE, WARDI LIWAT NGAREP GUBUGE DIRUN. SAKA  PENGANGGONE KATON NEK DHEWEKKE MENTAS LELUNGAN ADOH. DHEWEKKE KATON NYANGKING KERDHOS RADA GEDHE.

063.
Wardi
:
(KANTHI KEMAKI LAN SETENGAH NGECE) Kowe kok ngowoh ijen kuwi ngapa, Run? Ora ngoncori sawah pa?
064.
Dirun
:
(TAKACUH) Ora.
065.
Wardi
:
Ora ngumpul-ngumpul ning gardhu toh?
066.
Dirun
:
Ora. (PAUSE) Kok ndengaren wis bali kowe, Di?
067.
Wardi
:
Iya. Iki mau aku saka Semarang, njupuk barang. Mengko bengi arep lunga maneh, ngeterake pesenan. Ya wis ngene iki gaweyanku.
068.
Dirun
:
Apa kudu ngono toh? Maksudku, apa gaweyanmu ngudokke kowe lunga terus ngono kuwi?
069.
Wardi
:
Kuwi jenenge tuntutan pekerjaan. Nek aku ora lunga-lunga, lha kapan aku entuk barang, Run? Karo meneh, dadi uwong kuwi kudu bisa nyesuwekke diri, supel, lan pinter bergaul!
070.
Dirun
:
Maksudmu apa toh?
071.
Wardi
:
(LUNGGUH NING JEJERE DIRUN) Masak ora mudheng toh?! Aja bodho-bodho nemen, ngono lho! Wah, ya ngono kuwi nek kowe kurang bergaul, dadi rada kurang mudhengan. (NGGUYU) Aja tersinggung! Maksudku apik, ben kowe gelem bergaul karo tangga teparo.
072.
Dirun
:
Lha kowe dhewe apa kerep srawung karo tangga teparo, Di?
073.
Wardi
:
Ya mesthi toh. Ora ketang mung jadhuman sedhela, aku tetep sok sanja. Ya, kaya sakiki iki, contone. (DIRUN MUNG MENENG) Awakke dhewe iki isih kegolong enom, isih kudu njembarake sesrawungan lan sesawangan urip. Aja mung ublek uthek ning desane dhewe terus!
074.
Dirun
:
(MESEM) Nek jare uwong-uwong kae malah ketokke kowe lho sing ora tau srawung tangga. Karo maneh apa nek lunga terus kuwi mesthi dadi uwong apik?
075.
Wardi
:
(RADA TERSINGGUNG) Iki ora ana hubungane karo apik apa elek, neng karo pengalaman, Run! (UMUK) Kaya aku iki lho. Dina iki aku ning Semarang. Sesuk ning Pekalongan. Dadi pengalamane tambah, kancane akeh, rejekine teka terus. Ngono lho, Run. Apa kowe ora seneng dadi wong kaya aku? Wis sugih, bojone ayu, duwe anak tur  lanang, omah pantes. Apa ngono pa?
076.
Dirun
:
(NGGUYU SINIS) Aku ora pengin dadi uwong sugih sing kaya kowe kok, Di. Sing tak pingini mung bisa urip cukup kanthi tentrem. (NYINDHIR) Umpamane aku duwe anak bojo, aku pengin bisa nguripi lan nggemateni anak lan bojoku nganggo bondho sing halal. Kuwi wae cukup kanggoku. Aku ora pengin sing aeng-aeng.
077.
Wardi
:
(RADA TERSINGGUNG) Mengko ndhisik! Apa mungguhmu aku seneng aeng-aeng pa? Lha wong aku rak ya mung nggota kaya wong liyane. Apa sing kaya ngono kuwi jenenge aeng-aeng, toh?
078.
Dirun
:
Ya ora ngerti. Nanging sak ngertiku, uwong-uwong liyane kae nek kerja awan, ya bengine ning omah. Nek kerja bengi, ya awane ning omah. Ketokke kowe kuwi esuk, awan, sore, bengi kok ora tau ning omah.
079.
Wardi
:
Ya beda, toh! Gaweyanku kuwi rak ora padha karo liyane. (DIRUN NGGUYU SINIS. WERUH GUYUNE DIRUN, WARDI KATON ORA SENENG. KARO RADA EMOSI, WARDI NGOMONG) Apa mungguhmu gaweyanku kuwi ora halal ngono pa? Kowe ngerti, apa jane gaweyanku? 
080.
Dirun
:
(CEPET NYAUT KARO GEDHEG) Ora, lan aku iya ora kepengin ngerti kok, Di!
081.
Wardi
:
Lha, ngene iki sikep sing kurang apik. Kowe ora ngerti neng ora gelem takon banjur mung nganggo anggepanmu dhewe. Ya ngene iki sing rada ndrawasi ing urip bermasyarakat. Rungakna ya, Run, aku iki makelar. Ning dudu makelar kasus lho! Makelar barang-barang kabutuhan rumah tangga, kaya elektronik, meja kursi, emas-emasan, lan liya-liyane. Sakiki aku ndak takon. Apa mungguhmu makelar kuwi penggaotan sing ora sah utawa haram? Kiyai ngendi sing ngomong nek gaweyan makelar kuwi haram, duduhna aku?!
082.
Dirun
:
Aku ora seneng ngaran-ngarani kok, Di. Apa maneh ana kaitanne karo bab halal-haram, wah dudu bagianku! Nyatane sing paling ngerti piye olehmu nyambut gawe rak ya mung awakmu dhewe karo sing gawe urip.
083.
Wardi
:
(BANGGA, RUMANGSA MENANG) Lha, sing paling apik ya ngono kuwi. Aja seneng ngarani! (NGGUYU NYEKAKAK. WARDI NAWANI UDUD. SAKWETARA SAKLORON PADHA SEDAL-SEDUL)

SAK KLEBATAN GANYONG LIWAT. NANGING KRANA WERUH ANA WARDI LUNGGUHAN NING LINCAKKE DIRUN, DHEWEKKE CEPET-CEPET MLAYU NGADOH KARO RADA KEWEDEN. KADHONG WERUH KLEBATE GANYONG, MULA WARDI ENGGAL-ENGGAL NGUNDANG. NANGING BOLA-BALI DIUNDANG NYATANE GANYONG ORA MARA. BAB KUWI NDADEKAKE JENGKELE WARDI.

084.
Wardi
:
(NGEDUMEL KAREPE DHEWE) Celeng bocah siji kae! Nek kecekel ndak pupuh tenan! Bocah ora petha!
085.
Dirun
:
Ana apa toh, Di? Sajak olehmu nesu kok temenanan.
086.
Wardi
:
Bocah edan kae bola-bali ngganggu aku! Senengane ngetutake lakuku, terus mbalangi aku nganggo krikil, pungkasane terus ndhelik. Kurang ajar toh kuwi jenenge?!
087.
Dirun
:
(ATINE KUWATIR, AJA-AJA GANYONG AREP NGLAKSANAKAKE TENAN ANCAMANE PIRANG DINA KEPUNGKUR. KANTHI RADA NYELIDHIK, DIRUN NGOMONG SAJAK ORA ANA KEDADEYAN APA-APA.) Lha dhewekke ngomong apa toh, Di?
088.
Wardi
:
Ora ngomong apa-apa! Justru kuwi sing marakke aku tambah gregeten.
089.
Dirun
:
(DIRUN RADA LEGA. NGOMONG KARO MESEM) Lha wong bocah ora ganep kok mbok ladeni. Mbok uwis dinengke wae rak malah meneng.
090.
Wardi
:
Kowe ora ngalami dhewe ya muni ngono. Bayangna, nek kowe lagi ngomong-ngomong karo konsumenmu, ditutke terus dibalangi krikil. Kowe ning pasar ya dingonokke, neng terminal ya semono uga. Coba bayangna! Masak ora entuk nesu?
091.
Dirun
:
(MESEM) Ya sing sabar. Jare kowe pengalaman ngadhepi uwong akeh? (KALORONE PADHA MENENG KARO UDUD) O iya, jare anakmu lara, uwis mari, Di?
092.
Wardi
:
(UMUK) Ora lara, kok! Anak lanangku kae pethingan! Ora lara-laranen. Lha wong mangan lan ngombene wae bergizi kabeh kok. 
093.
Dirun
:
(MESEM SENGAK) O, iya toh? Syukur nek ngono.
094.
Wardi
:
(SEMANGAT) Kanca-kancaku padha meri nek weroh Bowo, Run. Bocahe trengginas lan ketok cerdhas. Ngene pokokke (NGGUYU BANGGA KARO NGACUNGKE JEMPOLE). Anakku kok!
095.
Dirun
:
(SINIS) Tenane?
096.
Wardi
:
Aja guyonan kowe! Lha wong cetha-cetha aku lan Surti sing mroduksi kok! (NGGUYU LAKAK-LAKAK)
097.
Dirun
:
(SAJAK ORA SENENG) Iya, percaya!
098.
Wardi
:
(MBANGGAKKE) Tak gadhang-gadhang dhewekke mbesok dadi uwong gedhe, ngluwihi bapakke. Mulane kabeh kabutuhane mesthi ndak turuti, Run. Delokken toh, saka dolanan, sandhangan, kabeh ndak tukokke tur mesthi sing apik. Pokokke aku ora tau nanggung-nanggung nek kanggo urusane Bowo!
099.
Dirun
:
(NYENGES KANTHI SENGAK) Nanging dhewekke dhewe mbok ngonokke kuwi seneng apa ora? Aja-aja dhewekke dhewe ora seneng?!
100.
Wardi
:
Ora seneng piye, toh? Lha wong saben aku bali, apa maneh nek weroh aku nggawa oleh-oleh, wah mesthi lunjak-lunjak senenge ora karuwan. Apa maneh nek dhewekke ngerti aku arep lunga, wah… mesthi kepyak pengin melu aku terus, ora gelem dicolke! Lho, kuwi rak tandha nek dhewekke kuwi seneng.
101.
Dirun
:
(NGGUYU SINIS KARO MELEHKE) Oalah, Di, Wardi! Kowe kuwi nek ngomong mbok ya ora susah nggedhek-gedhekke ngono lho! Lha wong dina-dina gaweyanmu mung lungo kok, terus kapan kowe ketemu anakmu? Anakmu lara wae kowe ngasi ora ngerti toh? Ngono kok jare gemati.  Mbok aja kebangeten olehmu umuk!
102.
Wardi
:
Lha kowe kok ngeyel toh?! Sing bapakke kuwi sapa, rak aku, toh?! Wong aku bapakke kok malah kowe sing ngeyel!
103.
Dirun
:
Aku ora ngeyel, neng critamu sing kebangeten!
104.
Wardi
:
Kowe kok sajak ora seneng toh?
105.
Dirun
:
Ora kok ora seneng. Aku mung pengin ngelingke, ben kowe ora terus-terusan kebablasen. Nek ngumukke anakmu sajak sundhul langit. Apa bener kowe kuwi uwis nggemateni anak bojomu?
106.
Wardi
:
(TERSINGGUNG) Sing paling ngerti kluwargaku kuwi aku, Run, dudu kowe! Kowe meri karo kahananku pa?
107.
Dirun
:
Sing meri kuwi sapa? Aku mung mesakke karo anak-bojomu, Di. Mula nek gelem, aku mung pengin ngelingke. Aja kebangeten olehmu munasika dhewekke sak kloron.  Mesakke!
108.
Wardi
:
(NESU) Mengko ndhisik! Lha rumangsamu kowe kuwi apaku, Run, kok ngelingke aku barang. Ketemu pirang perkara kowe ngelingke aku? Apa rumangsamu kowe luwih ngerti tinimbang aku, ngono pa?
109.
Dirun
:
Aja salah tampa, Di. Aku rak tanggamu toh. Mesthine aku sithik-sithik ya rada weruh kahanan kluwargamu sing sak temene. Piye bojomu olehe ketekuk ringkel ngopeni omah lan ngrawat anakmu nek pas lara. Kabeh kuwi aku kerep meruhi dhewe, Di.
110.
Wardi
:
O, dadi kowe rumangsa luwih ngerti tinimbang aku toh? (NGADEG) Run, bojoku, anakku, rumah tanggaku, kabeh kuwi tanggung jawabku. Ora ana hubungane karo kowe! Dadi ndak jaluk, mulai sakiki, kowe ora perlu repot-repot mikirke kluwargaku. Urusana awakmu dhewe! Ngerti?! (MENYAT SAKA LINCAK) Cangkem kok criwis!
111.
Dirun
:
(NGUNDANG) Di, mengko ndhisik toh!
112.
Wardi
:
(KARO LUNGA) Wis, percuma! Ora susah diteruske!
WARDI MAK SRENGKOT LUNGA NINGGALAKE DIRUN NUJU OMAHE KARO NGGAWA KERDUSE. DIRUN MUNG MLONGO KARO NJENGGURENG.
PANGGUNG PETENG.

ADEGAN  5

ESUK-ESUK. UWONG-UWONG LAGI SENGKUT NYAMBUT GAWE NING SUMUR. BOCAH-BOCAH MANGKAT SEKOLAH. GANYONG TURU NGLEPUS NING LINCAK NGIRINGAN OMAHE WARDI. TUM LAN KOM UWIS MEH BUBAR NGUMBAHANE, NALIKA SURTI TEKA NGGAWA EMBER AREP NJUPUK BANYU….

113.
Tum
:
(DHEHEM-DHEHEM, NYINDHIR) Ujug-ujug ambune kok badheg temen toh, Kom? Kaya bathang! Kowe ngentut pa?
114.
Kom
:
Ngawur! Sapa sing ngentut?! Aku ora kok! (NANGING WEKTU KOM WERUH SURTI, DHEWEKKE TERUS SADAR MAKSUDE TUM. NGOMONG KARO NYINDHIR) Iya, Tum. Kok ujug-ujug ambune nggambreng banget ngene ya?
115.
Tum
:
Ana tikus mati apa ya?
116.
Kom
:
Embuh, Tum. Ning pancen ketokke sakiki desane awakke dhewe kok malih aneh. Ketokke sarwa ora nggenah. Malah akeh sing kemalingan barang.

DIRUN BALI SAKA SAWAH KARO NGGAWA PACULE. AREP TERUS NING SUMUR, NANGING ORA SIDA AMARGA ANA TUM LAN KOM. DHEWEKKE LANGSUNG LUNGGUH NING LINCAK NGAREP OMAHE.

117.
Tum
:
(KARO NGLIRIK DIRUN) Bener, Kom. Kabeh dadi sarwo ora trep. Hawane dadi panas!
118.
Kom
:
Uwis, ayo cepet ndang bali. Ora kuwat ambune, aku!
119.
Tum
:
Iya, ayo, Kom!

SAKLORON PADHA ENGGAL-ENGGAL NGUKUTI KUMBAHANE NULI NINGGALAKE SUMUR TANPA NGGAPE SURTI LAN DIRUN BABAR PISAN. SAKPUNGKURE KALORONE, SURTI NGENDHEGKE NGANGSUNE NULI THENGAR-THENGER KARO MBREBES MILI ING LAMBE SUMUR.

120.
Surti
:
Sampeyan krungu omonganne Yu Tum karo Yu Kom mau, Kang?
121.
Dirun
:
Iya. Terus ngapa?
122.
Surti
:
Aku ora kuwat, Kang!
123.
Dirun
:
Ora susah dipikir. Wong kowe ora njaluk mangan uwong-uwong kae kok. Mbok ben, sak kepenakke olehe padha arep ngomong.
124.
Surti
:
Apa Sampeyan ora kuwatir nek kabeh iki nyebar ora karuwan?
125.
Dirun
:
Kenapa kudu kuwatir? Lha wong mung fitnah kok dipikir. Gitu aja kok repot!
126.
Surti
:
Nanging aku kuwatir nek Kang Wardi sak wayah-wayah krungu, Kang.
127.
Dirun
:
(MIKIR SAKWETARA) Paling-paling dhewekke nesu. Ya wis ben, ndak tatakanne. Ben uwong-uwong padha ngerti sisan sing saknyatane.
128.
Surti
:
Aja nekad Sampeyan, Kang! Kuwi jenenge Sampeyan ora mikirke aku lan Bowo.
129.
Dirun
:
Sapa kandha? Malah kasak walikke, aku mikir nasibmu lan uga Bowo. Awakke dhewe ora bisa meneng lan nutupi perkara iki saklawase urip. Dadi uwis mesthi sakwayah-wayah, embuh kapan, perkara iki arep pecah lan ndadekake masalah gedhe. Sakiki karo mbesuk bedane apa.
130.
Surti
:
Nanging apa iya kudu ngene pungkasane, Kang?
131.
Dirun
:
Nek pancen kudu kaya ngene pungkasane, kenapa wedi? Iki kabeh mung kanggo nylametake uripmu lan masa depanne Bowo, Sur!
132.
Surti
:
Aja-aja Ganyong kandha sing ora-ora tenan karo Kang Wardi ya, Kang?!
133.
Dirun
 :
Ketokke Ganyong ora wani. Kowe ngerti dhewe, weruh bojomu wae Ganyong wis girapen, aja meneh arep ngomong!
134.
Surti
:
Nanging, akhir-akhir iki Kang Wardi ketok rada beda, Kang. Ora kakehan ngomong, neng senengane nyawang aku ora uwis-uwis! Aku malah dadi tambah wedi saben weruh dhewekke ndelokke.
135.
Dirun
:
Pirang dina kepungkur dhewekke pancen nesu karo aku gara-gara ndak omongi supaya luwih gemati karo anak bojo.
136.
Surti
:
Sampeyan muni ngono, Kang?
137.
Dirun
:
Iya. Ya ben, nyatane pancen ngono toh?!
138.
Surti
:
Sampeyan kuwi ngawur, Kang. Aja-aja ya merga kuwi dhewekke rada beda karo aku, ya, Kang?
139.
Dirun
:
Bisa uga.

SAKTENGAHE SURTI LAN DIRUN OMONG-OMONGAN, GANYONG TANGI SAKA TURUNE. RIKALA WERUH WONG SAKLORON PADHA OMONG ADOH-ADOHAN, SAKNALIKA GANYONG NYRUWE KARO CENGENGESAN.

140.
Ganyong
:
Wah, ndengaren adoh-adohan?! Mbok mendekat GITU LOH! (NGOMONG NGONO KARO CENGAR-CENGIR NGECE)
141.
Dirun
:
Ora kakehan cangkem kowe, Nyong! Ndak pathak watu tenan kowe.
142.
Surti
:
(NYEDHAKKI GANYONG) Kowe kuwi mbok aja ngomong sing ora-ora toh, Nyong. Mengko nek Kang Wardi krungu dikira priye-priye. 
143.
Ganyong
:
Kekki dhuwite ra?!
144.
Surti
:
Lho, kok malah njaluk dhuwit barang iki piye toh? Kanggo tuku apa?
145.
Dirun
:
(KARO MEDEN-MEDENI SAJAK AREP MBALANG WATU) Kowe minggat ora?! Kok malah meres barang kuwi sing ngajari sapa kowe, heh?! Sing ngajari sapa?!
146.
Ganyong
:
(WEDI KARO MBENGOK-MBENGOK LAN AREP MLAYU) Ampun, Kang, ampun! Ora wis, aku ora njaluk dhuwit. Aku mung arep … arep … kandha Kang Wardi! Hayo, piye kowe?!
147.
Surti
:
(KEWEDEN) Nyong, aja ngono, toh. Kowe ora mesakke Yu Surti toh? Aja ya, Nyong?!
148.
Dirun
:
(NGOYAK GANYONG) Kowe minggat ora, cah gendheng! Minggat!
149.
Ganyong
:
(MUBENG-MUBENG NING SUMUR) Emoh, ndak kandhakke pokokke. Ndak kandhakke Kang Wardi!

WARDI METU SAKA LAWANG MBURI OMAHE KARO ISIH RADA NGANTUK. KETOKKE DHEWEKKE TANGI MERGA KEBRIBENEN KEDADEYAN IKU.

150.
Wardi
:
(KARO MBENTAK GANYONG) Kowe kuwi bengok-bengok ana apa toh, Nyong!  Bocah gendheng! Ngerti ana wong turu kok malah bengok-bengok.  Karo dene kowe barang kuwi esuk-esuk kok ora nyambut gawe toh, Sur?!

NGERTI WARDI METU SAKA OMAH, GANYONG SAKKAL MENGKERET. DHEWEKKE NDHEPIPIS ANA SUMUR. SURTI CEPET-CEPET NGUSAPI ELUHE TERUS LUNGGUH LINCAK LAN DIRUN NGADEG CEDHAKKE GANYONG KARO MENTHELENGI BOCAH ORA GANEP KUWI.

151.
Wardi
:
Kowe arep kandha aku apa, Nyong? Coba, aku ndak krungu. (GANYONG MENENG KEWEDEN) Cepet ngomonga! (GANYONG GEDHEK-GEDHEK KARO ALON-ALON JUMANGKAH LUNGA, TERUS NJRANTHAL MLAYU. SAKA KADOHAN KEPRUNGU GUYUNE LAKAK-LAKAK.) O, dhasar cah gendheng! (NYEDHAKI SURTI) Ganyong arep ngomong apa toh, Sur? (SURTI KECIPUHAN. NANGING PITAKONAN IKU DISAUT DIRUN KANTHI ALON-ALON MLAKU ARAH LINCAK NGAREP GUBUGE.)
152.
Dirun
:
(KARO LUNGGUH LINCAK NING NGAREP GUBUGKE) Halah, bocah ora waras kok dipercaya. Mbok uwis, dinengke wae.
153.
Wardi
:
(RADA SINIS) Lha wong nyatane kowe mau ya nglanggati ngono kok!
154.
Surti
:
(CEPET NYAUT, NUTUP-NUTUPI KARO RADA GLAGEPAN) Anu, Kang, … kuwi anu … mau Ganyong arep crita karo Sampeyan, nek ndhek emben Bowo mriyange rada temenan nanging sakiki uwis waras meneh, Kang. Lha iki mau aku nglarang Ganyong crita mundhak Sampeyan bingung. Nanging Ganyong malah bengok-bengok mbrebegi Kang Dirun. Dielikke malah Ganyonge ngece-ngece, mula karo Kang Dirun dioyak-oyak arep ditapukki malah ngasi arep dibalang watu barang.

KRUNGU CRITANE SURTI, WARDI MUNG MENENG. SAKA MRIPATE KATON YEN WARDI DURUNG PERCAYA KARO CRITA IKU. SEDHELA DHEWEKE THENGER-THENGER NING LINCAK, JEJERE SURTI. LET SEDHELA DHEWEKKE MANDENG KEKARONE TERUS MLEBU NGOMAH MANEH TANPA KUMECAP APA-APA.
SURTI MUNG BISA UNJAL AMBEGAN KARO NYAWANG DIRUN. WONG SING DISAWANG MUNG BISA GENTEN NYAWANG. SAKWETARA KEKARONE MUNG PANDENG-PANDENGAN. SAKBANJURE SURTI MLEBU OMAHE DENE DIRUN TETEP LUNGGUH NING LINCAK NGAREP GUBUGE KARO NGRESIKI PACULE.
LAMPU PANGGUNG PETENG.

ADEGAN  6
                                
WAYAH WENGI.
SWASANA SEPI MAMRING.

ANA PAWONGAN TEKA KANTHI SESINGITAN NING NGIRINGAN GUBUGE DIRUN. ING TANGANE NGGAWA BARANG DIBUNTEL SARUNG. LINGAK-LINGUK KARO KUWATIR, MLAYU ARAH MBURI OMAHE WARDI, TERUS NGILANG.

KANTHI CURIGA DIRUN METU SAKA GUBUGE. LINGAK-LINGUK KARO NDELOKKE ARAH PLAYUNE PAWONGAN MAU, SAJAK MIKIR APA SING KEDADEYAN. KARO KESUSU DIRUN NJUPUK GAMAN SAKA NJERON GUBUG. METU MANEH KARO KRUDHUNGAN SARUNG. ING TANGANE, DIRUN NGGEGEM GAMAN. GANCANGAN, DIRUN NGOYAK PAWONGAN MAU. 

SAKWETARA WEKTU, SAKA KADOHAN KEPRUNGU SWARA UWONG-UWONG PADHA MBENGOK “MALING”. LAMPU PANGGUNG PETENG.
SWARA UWONG MLAYU. SWARA PATING GEDEBUG NYEKEL MALING. CEMLOROTE LAMPU SENTER PATING CLERAP TERUS NGADOH BANJUR NGILANG.

“WADHUH, SENTERKU MATI.”
“WAH, DADI PETENG IKI!”
“WONGE MLAYU MRENE!”
“MALINGE NENG KENE!”
“DICEKEL NDHISIK! AJA NGASI UCUL LHO!”
“AREP MLAYU NENG ENDI KOWE, HE?!”
“HEI, HEI, AKU DUDU MALING”
“NDOBOL KOWE”
“HALAH, KAKEHAN NGOMONG!”
“GEBUKI WAE, GEBUKI!”
“KEPROK WATU WAE, KANG! KEPROK!”
“AJA, KANG! AKU … AKU … ADHUH, ADHUH!”
SWARA “ADHUH”, “AJA KANG” LAN “AMPUN” KEPRUNGU BOLA-BALI NING ORA DIGAPE KARO UWONG-UWONG.
“RASAKNA KOWE!”
“TERUS, KANG! TERUS!“
“KAPOK ORA KOWE?!”
“MODAR KOWE!”
SWARA GEDEBAG-GEDEBUG UWONG-UWONG NGANTEMI MALING.

“WIS, WIS, KETOKKE WIS ORA OBAH”
“WADUH, MENGKO GEK MATI?”
“AYO, DIGAWA NGGONE PAK KADUS WAE!”

SWASANA BALI SEPI, PANGGUNG ISIH TETEP PETENG.

ADEGAN  7

ESUK-ESUK. PARA WARGA PADHA SENGKUT KARO PAKARYANE DHEWE-DHEWE. SAK PERANGAN UWONG ANA SING NGUMBAHI NENG SUMUR, ANA BOCAH MANGKAT SEKOLAH, UWONG NJUPUK BANYU AREP ADUS, LAN SAKPANUNGGALANE.

155.
Tum
:
(BISIK-BISIK KARO NGUMBAHI) Nasibe Kang Dirun kok elek temen ya?!
156.
Kom
:
(MELU BISIK-BISIK) Lha ya kuwi, uwong-uwong kuwi kok ya kebangeten temen. Ngantemi uwong sak geleme dhewe.
157.
Tum
:
Iya, ora ketang mambu tai!
158.
Kom
:
Hus, aja banter-banter! Elekka kaya ngapa Kang Dirun kuwi rak ya tanggane dhewe. Oraho ngono, masak ya uwong-uwong sing ngantemi kuwi ora padha kenal karo tanggane dhewe, lho!
159.
Sar
:
Lha wong kahanane peteng ndhedhet, ora ketok jare, Yu.
160.
Tum
:
Ngonowa kae rak ya aja waton nggebug. Nek kedadeyan ngono kuwi rak ya mesakke toh?!
161.
Kom
:
Lha ya kuwi. Wis ngono, malah malinge sing tenan ora kecekel sisan. Tiwas nyilakakke tangga malah ora entuk gawe.
162.
Tum
:
Terus sapa sing arep tanggung jawab, hayo?!
163.
Sar
:
Wis ditambakke Pak Kadus kok.”
164.
Tum
:
Lha kok gampang temen, kowe! Kuwi rak tamba kanggo lara awakke, lha  kanggo tamba isinne? Tamba lara atine? Kowe ora tau mikir tekan sakmono toh?! Sar, jan-jane Kang Dirun kuwi rak ya padha-padha arep nyekel malinge toh? Malah kepara dhewekke sing mlayu dhisik lho!
165.
Sar
:
Lha jenenge emosi kok, Yu!
166.
Kom
:
Lha ya kuwi perkarane. Uwong sing digedhek-gedhekke kok emosine. (MENENG SEDHELA) Wong sakiki kuwi rumangsaku kok gampang temen kesulut emosine. Sithik-sithik nggebug, sithik-sithik ngrusak. Ora perduli bener apa salah, sing penting nggebug ndhisik.
167.
Tum
:
Iya, ya, Kom, rumangsaku bangsa iki kok saya suwe saya adoh saka kapribadhene. Endi lomah-lamehe? Endi unggah-ungguh lan trapsilane? Kaya-kaya kabeh sing mbiyen ndak sinaoni ning sekolahan kae wis salah kabeh sakiki! Wis owah kabeh!
168.
Sar
:
Kowe ki padha ngomong apa toh, Yu? Kok kaya pinter-pintera kae. Wong cilik kuwi meneng wae, rasah kakehan ngomong. Salah-salah malah bisa diperkarakke lho kowe!
169.
Tum
:
Lha kuwi sing jenenge adigang adigung, Sar! Kabeh sarwa adhedhasar bandha lan kekuwasaan. Sing sapa sugih bandha, dadi kuwasa. Sing sapa kuwasa, bisa sok dadi panguwasa!  Kabeh wis sarwo dietung nganggo rega tanpa nganggo nurani, tanpa nganggo rasa pangrasa!
170.
Sar
:
Aja kaya ngono Sampeyan, Yu! Indonesia iki nagara hukum, kabeh wis ana tatanane!
171.
Tum
:
Halah, rumangsamu aku iki apa ora ngerti nek Indonesia nagara hukum? Lha ning nyatane sing sugih sing kuwasa ngono kok?! Blas ora padha nganggo rasa maneh! Coba toh, kaya sing ning tipi kae, njupuk semangka siji dadi perkara. Guris coklat telu dadi perkara. Guris kapok dadi perkara. Kecelakaan malah nampa ukuman. Ketokke urip kok dadi padha karo jaman penjajahan mbiyen, kaya critane simbokku.   
172.
Kom
:
Kayane kok padha-padha setresse! Ya, kuwi bedane wong ‘ngerti’ karo wong ‘pinter’.
173.
Tum
:
Pancen bener kuwi kandhamu, Kom. Sakiki ketokke akeh uwong pinter. Mulane kabeh uwong dadi pinter ngomong. Ora sing gedhe ora sing cilik. Apa maneh nek ngomongke eleking liyan, wah…ngene pokokke (NUDUHKE JEMPOLE). Contone, mahasiswa kae. Senengane demo,  terus madoni petugas, terus ngrusak. Angger-angger mesthi ngono.
174.
Sar
:
Kuwi sing jenenge demokrasi, Yu. Kebebasan berbicara, kebebasan nyampekke pendapat!
175.
Tum
:
Neng kok mesthi ndadak nglawan petugas lan terus nganggo ngrusak barang? Apa ya ngono kuwi toh, sing diarani demokrasi? Nek ngono demokrasi kuwi medeni tenan lho! Rungokna, Sar, Pak Polisi kuwi rak ya bangsane dhewe toh?! Dhewekke petugas sing nglaksanakke tanggung jawabe, ya nduwe anak, nduwe bojo. Masak dianggep elek lan salah terus. Mesakke, toh!
176.
Kom
:
Bener kuwi, Tum! Sing elek kuwi rak polisi sing seneng pungli lan seneng pethitha-pethithi kae, Sar! Tur maneh, nek mahasiswa padha ngrusak, dhuwit sing kanggo ndandani kerusakane kuwi ya dhuwite sapa? Maneh-maneh rak ya dhuwite rakyat toh?
177.
Tum
:
Ya mesthine toh, Kom. Lha apa dhuwite pejabate? Tangeh lamun!
178.
Kom
:
Lha ya kuwi! Nek ngono ateges rakyat meneh toh sing ketula-tula?! Malah ning tipi kae tau dikabarke akeh mahasiswa padha tawuran barang, Kom.
179.
Tum
:
Halah, mahasiswa cap apa kuwi?! Wagu!

TRANTAN-TRANTAN DIRUN METU SAKA GUBUGE. RAINE KATON BENGEP, TANGAN LAN SIKILE DIBLEBET. DIRUN LUNGGUH ING LINCAK KARO UDUT.

180.
Sar
:
(BISIK-BISIK) Sssst, ana Kang Dirun! Wis aja diteruske, Yu!
181.
Kom
:
Lho, terus ngapa nek dheweke ana? Jare demokrasi, kok wedi? Lha wong awake dhewe ora ngrasani elek kok wedi.
182.
Sar
:
(RINGKES-RINGKES SEMU KEWEDEN) Wedi ki ya ora, Yu. Ning rak luwih becik njaga perasaane Kang Dirun!
183.
Tum
:
Halah, sok pangerten! Wingi gek ngantemi ora padha mikir kaya ngono?!
184.
Sar
:
Lho, sapa sing ngantemi? Lha wong aku ora melu-melu kok! (MLAYU NJRANTHAL KARO NGGAWA KUMBAHANE)
185.
Kom
:
Oooo, dhasar wong ora petha! Gayane wae kaya yak-yako, jebule mung nggombal! (KOM LAN TUM NGGUYU)
186.
Tum
:
(NGARUH-NGARUHI DIRUN) Lagi nglilir, Kang?
187.
Dirun
:
Ora, wis kawit mau kok.
188.
Kom
:
(PRINGAS-PRINGIS WONG LORO, PADHA ELIK-ELIKAN CEPET MBUBARI NGUMBAHANE) Wis adus, Kang?
189.
Dirun
:
Durung, Tum. Awakku rasane isih lara kabeh. Mengko wae sore-sorenan.

KEKARONE ENGGAL NGRINGKESI KUMBAHANE, TERUS NINGGALAKE SUMUR KARO RADA KESUSU.

190.
KOM+TUM
:
Ayo, Kang!

DIRUN MUNG MANTHUK. ANA UWONG AREP MENYANG SUMUR, NANGING CEPET-CEPET MBALIK MERGA WERUH ANA DIRUN ING NGAREP GUBUGE.

ORA WATARA SUWE SURTI NGETOKKE KUMBAHAN LAN MEPE KLAMBINE ANAKKE ING MBURI OMAH, CEDHAK SUMUR. WEKTU NGERTI NEK DIRUN LUNGGUH NING NGAREP OMAH, SURTI NGENDHEGE PEGAWEYANE.

191.
Surti
:
(KIKUK-PRIHATIN) Kang, wis mari?
192.
Dirun
:
Lumayan, Sur.
193.
Surti
:
Aku kaget krungu lelakon wingenane, Kang. Apa maneh Sampeyan terus ora ngetok rong ndina rong mbengi.
194.
Dirun
:
Uwis, Sur, ora susah diomongke maneh. (DIRUN KRENGKANG-KRENGKANG MLEBU GUBUGE)
195.
Surti
:
(MENGGAK DIRUN LUNGA  NANGING ORA KODAL) Kang Dirun!

SURTI AREP MLANGKAH NING GUBUGKE DIRUN NANGING ORA SIDA. PUNGKASANE DHEWEKKE MUNG BISA THENGER-THENGER ING LAMBE SUMUR, KARO MBREBES MILI.
LAMPU PANGGUNG PETENG

ADEGAN 8

WAYAH AWAN.
SAKA KADOHAN KEPRUNGU SUWARANE GANYONG BENGOK-BENGOK MUNI “Ampun, Kang” “Aja, Kang, aku wedi!” BOLA-BALI. EYEL-EYELAN KARO WARDI SING MBENTAK-MBENTAK MARANG BOCAH DHEGLENG KUWI “Ayo melu aku!”
KATON WARDI NGGLANDHANG KRAG KLAMBINE GANYONG. WARDI NYERET GANYONG NUJU OMAHE DIRUN. TEKAN NGAREP GUBUGKE DIRUN, KANTHI SORA WARDI MBENGOK NGUNDANG-UNDANG DIRUN. KRANA DIUNDANG BOLA-BALI DIRUN MEKSA DURUNG METU, MULA WARDI BANJUR NGGEDHOR-NGGEDHOR LAWANG GUBUG KUWI KANTHI KASAR.

196.
Wardi
:
Run, Dirun! Metuwa mrene kowe! Aja dadi pengecut kowe, Run!!! (SIKEPE KASAR, UGA TEMBUNG SING METU SAKA CANGKEME. ORA LALI UGA PISUHANE BARANG)

NDILALAH LAWANG GUBUG KUWI MENGA. AWAKKE DIRUN KATON KRUKUBAN SARUNG. KETOKKE DHEWEKKE NGERTI APA SING SAKJANE KEDADEYAN. MULA DIRUN KATON NYENGKELIT GOBANG NING BANGKEKANE. NANGING DHEWEKKE NYOBA TETEP TETEG. ORA KAGAWA HAWA ING GETIHE.

197.
Dirun
:
Ana apa, Di? Kok nganggo nggedhar-nggedhor lawang barang?!
198.
Wardi
:
Ora susah sok alim, kowe!

WARDI NGANGKAT KRAGHE GANYONG. KANTHI KASAR MEKSA BOCAH KUWI NGAKU.

199.
Wardi
:
Sakiki coba ngomonga cah edan! Apa bener sing mbok kandhakke mau. Ayo ngomong!
200.
Ganyong
:
(KANTHI GLAGEPAN LAN KEWEDEN MARANG KALORONE. APA MANEH WEKTU IKU DIRUN MENCERENG NESU MARANG DHEWEKKE ) Ampun, Kang! Aku … aku … mung guyon kok!
201.
Wardi
:
(MARANG GANYONG) Dhapurmu aja ngisin-isinke aku! Ayo, ngomong! (KARO NGLARANI GANYONG) Ngomong ora kowe!!!
202.
Dirun
:
(NGOMONG KANTHI SORA) Di! Bisa mati mengko bocah kuwi! Karepmu iki apa, jan-jane? Kenapa ora ngomong terus terang wae!
203.
Wardi
:
(MARANG GANYONG) Ayo ngomong!!! Asu! Celeng kowe, Nyong! (KARO NGANTEMI GANYONG) Cangkem ora bisa diugemi! (GANYONG NJERIT-NJERIT KELARAN)
204.
Ganyong
:
Ampun, Kang! Ampuuuun!
205.
Dirun
:
(MISAH) Uwis, Di, cukup! Kowe aja ngawor! Nek bocah iki mati, bisa mlebu bui, kowe!

SAKDURUNGE DIRUN NGREBUT GANYONG SAKA RUKETANE, WARDI NGUNCALAKE GANYONG NGASI BOCAH KUWI GLOYORAN TIBA NENG AWAKKE DIRUN. WARDI NGADEG NGGEJEJER KAYA JAWARA. DIRUN GEDHEG-GEDHEG WERUH POLAHE.
206.
Wardi
:
(KARO NJOROKKE GANYONG) Iki kabeh goro-goro kowe, Run!
207.
Dirun
:
(KARO NYEKELI GANYONG) Nek goro-goro aku, kenapa Ganyong sing mbok dadekke korban?!  Ngomonga wae karo aku!
208.
Wardi
:
Malah kowe sing kudune ngomong karo aku sak nyatane! Apa sing uwis mbok tindakke karo Surti! Krungu? Kowe wis nglakoni apa karo Surti?!
209.
Dirun
:
(MBENGOK) Apa karepmu?! (KARO NGECULAKE GANYONG. SING DICULAKE TERUS MLAYU NJRANTHAL MLEBU OMAHE WARDI)
210.
Wardi
:
Dhapurmu aja sok alim! Kowe wis selingkuh karo Surti, toh?! Ngakuwa wae! Aja dadi pengecut kowe, Run!
211.
Dirun
:
O, kuwi toh, sing mbok karepke. Dadi kowe percaya omongane Ganyong?
212.
Wardi
:
Mesthi wae aku luwih percaya karo cah edan kuwi tinimbang karo dhapurmu!
213.
Dirun
:
(MESEM SINIS) Nek pancen sing diomongke bocah ora ganep kuwi benere, terus kowe arep ngapa?!
214.
Wardi
:
Bajingan, kowe, Run! Seprana seprene tetanggan, jebul kaya ngono kelakuanmu marang keluwargaku?!
215.
Dirun
:
(TEGAS) Aku mung njupuk hakku sing uwis mbok rampas lan mbok munasika!
216.
Wardi
:
Uwis, aja kakehan cangkem. Adhepana aku kaya wong lanang! Wanimu aja mung neng mburi kaya wong wedok! Ayo, adhepana aku! (KARO NGOMONG NGONO WARDI MARANI DIRUN)
217.
Dirun
:
(NGOMONG KANTHI ENTHENG) Dadi kowe arep ngajak dhuwel aku, ngono pa?

DUMADAKAN SURTI METU SAKA OMAHE KANTHI KESUSU DITUTAKE GANYONG. DHEWEKKE JERIT-JERIT NGUNDANG JENENGE BOJONE, NANGING MUNG WANI WIRA-WIRI NENG MBURI OMAH.

218.
Surti
:
(KARO NANGIS) Kang, uwis Kang, aja padha padu! Uwis, aja diteruske, Kang!

WARDI LAN DIRUN ORA NGGAPE SWARANE SURTI. KEKARONE ISIH PADHA NGLARAS HAWA LANANGE.

219.
Dirun
:
Nek pancen karepmu ngono, aku ora arep selak. Pancen uwis suwe aku nunggu kedadeyan iki.  Wis suwi aku kepengin adu arep kaya ngene!
220.
Wardi
:
O, nek ngono pancen nyata kowe mung arep ngrusak kluwargaku!
221.
Dirun
:
(KASAR) Kluwargamu sing endi? Sak lawase iki apa bener kowe nduwe kluwarga sing mbok banggak-banggakke neng endi-endi, he?!  
222.
Wardi
:
Ora susah kakehan ngomong! Buktekna nek kowe lanang tenan. Ayo, adhepana aku nganggo carane wong lanang!  Ayo!!!
223.
Dirun
:
Uwis siap mati kowe?! (NGOMONG NGONO, DIRUN KARO MBUKAK SARUNGE, SAENGGA GOBANGE KETOK NGEGLA ING BANGKEKANE)

WERUH GOBANG NENG BANGKEKANE DIRUN, SAKKAL WARDI NGENDHEG LAKUNE. ENGGAL-ENGGAL DHEWEKKE MBALIK LAN MLAYU ARAH OMAHE.

224.
Wardi
:
O, uwis rangkep lulang macan kowe! Mula kok sajak wanter temen. Aja  neng kene! Ndak enteni ning stasiun lawas. Aku utawa kowe sing mati! (KARO MLAYU WARDI MBENGOK) Ati-ati kowe!
225.
Dirun
:
(KARO MBENGOK) Ya, neng endi wae bakal ndak ladeni. Aku ora bakal mlayu! Ndak tunggu ning stasius lawas. Sing waspada kowe, Di! (DIRUN CEPET-CEPET LUNGA ARAH STASIUN LAWAS)

RIKALA WARDI TEKAN CEDHAK OMAHE, SURTI NGENDHEG LAKUNE BOJONE. NANGING WARDI MALAH NGECULKE RUKETANE BOJONE KANTHI KASAR. SURTI KONTAL NGANTI TIBA NING CEDHAK LINCAK.

226.
Wardi
:
(MBENTAK SURTI) Kowe ora susah melu-melu! Dudu aku sing kudu mbok elikke, dhemenanmu sing meh mati kae sing kudu mbok candhet!
227.
Surti
:
(NANGIS SESENGGRUKAN) Kang, uwis, sabar, Kang, sabar! Uwis, ora susah diteruske! Kabeh iki ora kaya sing mbok rungu saka Ganyong! Ora, Kang!
228.
Wardi
:
Meneng! Kabeh iki gara-gara kowe, ngerti! Wong wedok bejat! (LUNGA, MLEBU OMAH)

SURTI NANGIS NGGUGUK KARO BINGUNG NING MBURI OMAHE.
SWASANA MAMRING.
LAMPU PANGGUNG ALON-ALON PETENG.

ADEGAN 9

LAMPU PANGGUNG PADHANG. ESUK-ESUK.
OMAHE WARDI KATON SEPI, LAWANG LAN JENDELANE TUTUPAN RAPET. KATON UWONG-UWONG PADHA NINDAKAKE PEGAWEYAN RUTINE. SAKPERANGAN UWONG PADHA UMBAH-UMBAH NING SUMUR. BOCAH-BOCAH PADHA MANGKAT SEKOLAH, SAKPERANGAN LIYANE MANGKAT KANTOR UTAWA LUNGA NING SAWAH. KATON GANYONG DHELEG-DHELEG NING LINCAK NGAREP OMAHE DIRUN KARO MANGAN GETHUK.

229.
Tum
:
(KARO UMBAH-UMBAH) Wingi ana ontran-ontran apa, Sar?
230.
Sar
:
Ana uwong gelut!
231.
Kom
:
Sapa?
232.
Sar
:
Kang Wardi mungsuh Kang Dirun!
233.
Kom
:
Heh?! Lha apa toh perkarane? Bab bojone pa?
234.
Sar
:
Lha iya, mesthine. Aku krungu ya mung saka bocah enom-enoman kuwi. Jare Ganyong wadul neng Kang Wardi nek Yu Surti selingkuh karo Kang Dirun.
235.
Tum
:
Sing kebangeten ya Kang Wardi dhewe, kenapa ora tau gemati karo anak bojo. Tur maneh, kenapa nembe sakiki krungu perkara kuwi?! 
236.
Kom
:
Lha kuwi bukti nek Kang Wardi pancen kurang perhatian marang kluwargane!
237.
Tum
:
Olehe gelut menang sapa, Sar?
238.
Sar
:
Menang sapa piye? Lha wong nembe arep padha njabut gobang, malah ujug-ujug akeh polisi padha teka, kok.
239.
Kom
:
Heh?! Ana polisi barang toh? Lha mung wong tukaran kok ditekani polisi kuwi apa polisine uwis padha kurang gaweyan pa?
240.
Tum
:
Hus! Nek ana uwong tukaran ngono kuwi rak ngganggu ketertiban umum, mula ya digrebeg polisi! Ngawur wae kowe kuwi!
241.
Sar
:
(KARO CENGENGESAN, NGOMONG MARANG TUM) Halah, Sampeyan ya ngawur, Yu! Polisi teka kuwi ora perkara nggrembeg, nanging pancen arep ngrangket Kang Wardi!
242.
Kom
:
Lho, lha Kang Wardi salah apa kok dirangket?
243.
Sar
:
(KARO BISIK-BISIK) Jebule Kang Wardi sak plokke iki uwis diincer polisi.
244.
Tum-Kom
:
(KAGET, NGENDHEGKE UMBAH-UMBAHE. MELU BISIK-BISIK) Diincer kenapa?
245.
Sar
:
(ISIH BISIK-BISIK) Jebule sing kerep maling ning desane dhewe iki Kang Wardi!
246.
Tum-Kom
:
(MBENGOK KAGET) Heh?!!
247.
Tum
:
(SADHAR KARO BENGOKANNE, TERUS BISIK-BISIK MANEH. TINGKAHE LUCU) Sing bener, Sar?! Kowe nek ngomong aja gluwehan toh!
248.
Kom
:
Iya, Sar, kowe aja macem-macem lho!
249.
Sar
:
Wah, ya embuh, tenane aku ora ngerti. Sing tak krungu ngono. Sing cetha weroh ya Ganyong kae.
250.
Tum
:
Kedadeyan kok aeng-aeng temen, jebulane ya, Kom?!
251.
Kom
:
Ya, kuwi. Ora ngira nek kedadeyane kaya ngene!
252.
Tum
:
(WERUH GANYONG TERUS NGUNDANG) Nyong, mreneya!! (ISIH KARO COMAK-CAMUK, GANYONG NYEDHAK NING SUMUR) Wingi kowe weroh Kang Wardi diglandhang Polisi? (GANYONG MANTHUK) Critane piye?  
253.
Ganyong
:
(ORA MUDHENG, NJAWAB SAK KEPENAKE) Ya ngana kae!
254.
Kom
:
(SENGOL) Ngana kae piye? Ditakoni kok plenca-plence!
255.
Ganyong
:
Kekki dhuwite ra?!
256.
Kom
:
(KARO NGEKKI DHUWIT SEWU) Enyoh! Uwis, gek endang crita!
257.
Ganyong
:
(KELAKUWANE LUCU) Kang Wardi dioyak polisi, terus dicekel, terus dilebokke mobil. Enak ra?! Numpak mobil! (NGGUYU, TERUS MLAYU LUNGA)
258.
Tum
:
Lho, Nyong, lha terus piye? (MBENGOK) Nyong, kok mung ngono thok kuwi piye? O, ngapusi ya kowe?! Dhasar cah gendheng!
259.
Ganyong
:
(SAK DURUNGE ILANG SAKA PANYAWANGE UWONG-UWONG NING SUMUR, GANYONG MANDHEK TERUS MBENGOK SAKA KADOHAN) Duit sewu kok njaluk crita akeh. Emoh ra…..!!!
260.
Sar
:
(KARO NGGUYU) Sing salah kuwi ya sing takon! Uwis ngerti bocah ora ganep kok ditakoni!  (NGGUYU BARENG)

LAMPU PANGGUNG PETENG ALON-ALON.



TANCEP KAYON


Untuk kisah selama aku berproses akan aku ceritakan beberapa waktu yang akan datang. Terimakasih telah membaca kisahku.

2 komentar :

  1. wah keren nih blognye, serba bagus and alami dari kebudayaan banyumas. perlu di tingkatkan mas.
    www.aplikasiandroid33.blogspot.com

    BalasHapus
    Balasan
    1. Terimakasih atas masukannya kak, saya jaga baru belajar bloging. mohon bimbingannya dan ditunggu komentar komentar yang lain ;)

      Hapus